Sinau Aksara Jawa Kuna


Merga judul tulisane Sinau Aksara Jawa Kuna, mula nulise uga nganggo ukara Basa Jawa. Ning nggih dingapura, Jawane ya tetep dudu Basa Jawa Kuna lan uga nggunakake aksara Jawa Kuna sing nembe disinauni kuwi mau.

Owah-owahan pengirupane menungsa saka cara urip sing paling sederhana utawa primitif tumekane cara urip menungsa kang luwih maju kena diarani perkembangan kabudayan utawa perkembangan peradaban. Salah sawijing tanda perkembangan budayane sawijining kelompok  masyarakat ya babagan basa lan aksara kuwi mau. Kelompok masyarakat kang ing wektu saiki diarani suku bangsa, biasane nduweni basane dhewe-dhewe. Suku Aceh nduwe Basa Aceh. Suku bangsa Batak nduweni Basa Batak. Suku Sunda, Jawa, Bali, Ndayak, Bugis, Ambon, tekane Asmat lan liya-liyane uga nduweni basa dhewe-dhewe.

Beda kasunyatan ing babagan basa kang meh saben suku bangsa nduweni basa sukune dhewe-dhewe, ing babagan aksara kasunyatane ora mengkono. Jebul khususe ing bumi Nuswantara kang cacah suku bangsane luwih saka atusan iki, jebul ora kabeh nduweni aksara kang khusus.

Wong Jawa klebu suku bangsa kang beja dene nganti saiki isih nduweni aksarane dhewe, yaiku aksara Jawa. Aksara Jawa kang ana saiki, sejatine minangka perkembangan saka aksara Jawa Kuna. Aksara Jawa Kuna mengkono mujudake aksara Jawa kang digunakake saka jamane kedhaton Mataram Kuno, Medhang, Kedhiri, Kahuripan, Singosari, tumekane jaman Majapahit. Anane perkembangan lan uga penganggone aksara Jawa Kuna bias dicermati ing prasasti-prasasti utawa ing relief-relief candi kang isih lestari nganti saiki.

Ing tlatah Magelang jebul ana kelompok studi kang nguri-uri lan nyebarake keprigelan maca lan uga nulis nganggo aksara Jawa Kuna. Ing dina Ngahad kepungkur ndilalah aku ngepasi bias melu gabung ing pamulangan iku. Mapane ana ing Museum BPK kang dadi siji karo Kompleks Museum Diponegoro, utawa kang luwih kawentar kasebut Karesidenan Kedu ing kutha Megelang. Sing asring medhar ing kana panjengane Bp. Goenawan A. Sambodo.

Ana ing pawulangan kang diwurug dhening kanca-kanca ahli arkeologi kuwi pranyata akeh bocah nom-noman kang melu sinau. Kahanan kuwi mesti wae dadi mongkoke atine. Kanthi akehe nom-noman kang gelem ngangsu kawruh babagan aksara Jawa Kuna mertandakake yen ing tembe aksara kuwi bakal lestari lan ana peneruse. Mula senajan wis kegolong dadi murid kang luwih umur, aku dadi tambah semangat anggone pingin nguwasani keprigelan maca lan uga nulis nganggo aksara Jawa Kuna.

Nyinauni aksara Jawa Kuna jebul ora mung mligi diwurug bab tulis-tinulisan thok. Nalikane bebarengan maca tulisa kang kacuplik saka ing prasasti-prasasti kuna mesthi wae banjur diajari uga babagan basa Jawa Kuna. Ora tekan semono thok, malah saben maca tulisan-tulisan seka prasati banjur uga dibabar sejarah kang gegayutan karo prasasti kuwi mau. Bab ngono kuwi mesti wae njalarani para siswa pasinaunan dadi mangerteni bab sejarah ing jaman biyen.

Mugo ing tembe-tembe mburi, akuu bisa kanthi ajeg melu nyinauni aksara Jawa Kuna kanthi tlaten nganti tuntas. Ngilmu utawa kawruh apa wae mesthi akeh banget pigunane. Monggo ingkang nggadhawi minat nguwasani aksara Jawa Kuna saged gabung kanthi gratis alias mboten ketarik ragad sak kethip mawon. Nuwun.

Tepi Merapi, 24 April 2018

Iklan

Tentang sang nanang

Hanyalah seorang anak kecil yang belajar menelusuri lika-liku kehidupan di jagad maya
Pos ini dipublikasikan di Jagad Jawa dan tag , , . Tandai permalink.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout /  Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

w

Connecting to %s