Darurat Tembung Jawa


Wektu terus lumaku, jaman tansah gilir gumanti. Basa minangka perangan kebutuhane manungsa kanggo komunikasi utawa sesrawungan mesti wae uga kena pengaruh owah-owahane jaman. Ana tembung-tembung anyar sing diserap lan ndadekake tansaya ngrembakane perbendaraharaan tembung utawa kosa kata. Ana uga kedadean tembung-tembung kang tansaya arang digunake utawa ditrapkake ing  saben dinane. Kahanan kaya mengkono kuwi luwih krasa mligine tumrap basa-basa daerah, klebu Basa Jawa.

Owah-owahane alat komunikasi kang tansaya canggih nyebabake pola komunikasi khususe ing kalangan muda-mudi ngalami pergeseran kang ora sithik. Senajan Basa Jawa minangka basa ibu lan uga diajarake ing pawulangan dasar, ananging trep-trepan utawa penganggone dadi luwih winates. Apa meneh ing kalangan muda-mudi, kalangann iki malah nduweni basa gaul sing luwih dinamis lan dianggo ing pesrawungan langsung, telponan, sms-an, WA-nan, apa meneh ing jagad internetan. Kena dikandakake mung sak ler muda-mudi sing isih gelem ngetrapake Basa Jawa kanggo sesrawungan ing sak padha-padhane wong Jawa.

Sedina wingi aku lagi ngrampungi penggawean mlitur. Ndilalah lawang butulan ing daleme Bapak nembe wae diganti. Ngelingi godhong lawang kuwi mau digawe seko kayu nangka kang nggalih apik, eman banget nek lawang mau ora njuk diplitur. Anane diplitur mesthi wae kareben senajan wis dicet ananging kontur utawa serat-seratane kayu mau tetap katon aslinya. Katon mengkilap nresepake mripat. Kejaba kuwi kanthi diplitur uga nduweni pengarah supaya kayune luwih awet.

Suwe ora nate nindakake penggawean mlitur, nalikane bar tuku plitur ing toko bangunan kok banjur maca tulisan ing wadah plitur sing tak tuku kuwi. Kawit cilik mula bukane awaku ngerteni tembung plitur. Plitur minangka tembung aran. Dhene tembung kriyane ya mlitur. Ning mbasan tak gatekake kanthi temen, ning kaleng wadhah plitur sing tak tuku wingi kuwi kok ketulise “politur”. Dudu plitur kayata kang biasa diucapkake kaya biasane.

Sing luwih ngageti maneh, ning tembung sak banjure kuwi. Tembung “vernis”, sing wis nempel dari pernis ning lambe. Jebul sing jenenge salah kaprah ki bisa kedadean nganti mataun-taun, malah kepara etungan seka jamane mbah buyut-mbah canggah, tekan tembe para putu yang seteruse.

Ning bali ing bahasan tembung-tembung tertentu sing selot langka digunakake, aku ya kepikiran karo tembung plitur lan pernis iku. Mbok menawa tembung kuwi uga ora suweh meneh dadi tembung kang ora dimangerteni dening para mudha lan mudhi. Babagan perkara iki uga dadi hits utawa trits ing salah sawijine grup media social. Ing kana para anggota grup kuwi nyebutake siji mbaka siji tembung-tembung Basa Jawa kang selot arang digunakake. Ana tembung dluwang, lenga klentik, lenga mampu, brompit, lading, tlabung, lodhong, tumbu, tompo, lan pirang-pirang meneh. Pokoke akeh banget!

Lha yen kedadeane kaya mengkono apa kuwi minangka sasmita yang Basa Jawa lekas ditinggalkan karo para mudha-mudhi wong Jawa ya? Ah, mugo wae kahanan ngono kuwi mung dadi dinamika basa kang lumrah kedadean ing basa apa wae. Miturut sampeyan pripun Lur?

Tepi Merapi, 26 Februari 2018

Iklan

Tentang sang nanang

Hanyalah seorang anak kecil yang belajar menelusuri lika-liku kehidupan di jagad maya
Pos ini dipublikasikan di Jagad Jawa dan tag . Tandai permalink.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout /  Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

Connecting to %s