Filsafat Gundhul Pacul


Nadya3Nalika jaman cilik mbiyen, mbok menowo isih akeh bocah-bocah cilik kang nembangake lelagon Gundhul-gundhul Pacul. Jaman pancen wis ngalami owah-owahan. Bocah cilik jaman saiki akeh-akehe malah luwih apal tembang Oplosan utawa Pokoke Njoged. Kena dicoba ning bocah-bocah sak umuran TK utawa SD!

Kanggo neglingake meneh marang tembang Gundhul-gundhul Pacul, ing ngisor iki kira-kira surasane tembang kuwi.

Gundhul-gundhul pacul-cul, gembelengan.

Nyunggi-nyunggi wakul-kul, gembelengan.

Wakul ngglimpang, segane dadi sak latar.

Wakul ngglimpang, segane dadi sak latar.

 

Kasimak saka tetembungane, tembang iku pancene katon mung kaya tetembungan sak lugune bocah-bocah cilik. Sakumume bocah cilik, nalika isih umur-umuran balita biasane rambute sengaja digundhuli. Paling ora ya mesti dicukur cepak utawa cendak banget. Ana bocah kang dingundhuli plonthos tanpa sisa rambut senajan sak eler. Ana uga bocah kang dicukur modhel gundhul kang nyisani kuncung ana ing sirah sisih tengah ngarep.

Gundhul-gundhul pacul, apa sambunge gundhul lan pacul. Mbok menawa ya mung minangka nyocoke dong-dinge tembung. Bocah pancen pikir, tembung lan tindak-tanduke mesti wae isih sarwa wantah. Durung ngerteni marang suba-sita lan unggah-ungguh. Durung ngerti kawruh aturan tata praja lan uga bebrayan agung ing tengahing masyarakat. Mula wis dadi sifate bocah cilik biasa gembelengan, nggaya, malah nggugu karepe dhewe.

Byangke bocah kang isih lugu kuwi mau mlaku kanthi sembrono, sembarangan, urakan, lan murang tata banjur ing sirahe nyunggi wakul kang isi sega wak wungkul. Mesthi wae wakul kuwi bakale goyang. Wakul kebak isi kang goyang-goyang mesthi wae dadi ngglimpang. Nah yen wakul wis ngglimpang, sega kang ana ing njerone dadi wutah lan mabur-mabur kaya ing sak tengahing latar kang jembar.

Senajan tembang bocah kuwi katone singkat lan sederhana surasane, ananging jan-jane ngemu teges kang jembar lan manthes. Wakul isi sega jane minangka pralambang amanat panguwasa utawa kepemimpinan. Kepemimpinan mujudake kapercayane masyarakat utawa rakyat marang salah sawijining wong supaya bisa nekakake kemakmuran urip bebarengan. Rakyat pasrah lan masrahake kecukupane pangan, sandang, papan lan kebutuhan liyane marang para pemimpin. Tugase pemimpin ya gawe rakyat makmur. Pemimpin kang nyangga wakul kebutuhan rakyate. Mesthi wae pemimpin kang dikangeni lan diarep-arep karo rakyate ya pemimpin kang amanat.

Nadya4Pemimpin kang ora amanat marang rakyate kena diarani pemimpin kang gembelengan. Pemimpin kang nemtokake nasib rakyate, ya sandhang-pangane, ya papan-penggaweane, ya sega-lawuhe, yen gembelengan njalari wakul kang disunggi dadi ngglimpang. Yen wakul wis ngglimpang, kemakmuran utawa kesejahteraane masyarakat mesti wae uga ambyar, ora bisa kasembadan dadi kasunyatan. Masyarakat lan negara dadi bubrah, bosah-baseh ora karuan.

Kahanan ana ing negara Indonesia ing saiki mbok menawa kanthi gamblang disanepakake tembang Gundhul-gundhul Pacul iku. Para pemimpin lan pejabat negara wis padha nglalekake marang jejibahan kang diamanatake dening para rakyat. Kepemimpinan lan panguwasa dudu didadekake dalan utawa cara kanggo makmurake sakabehane rakyat. Panguwasa malah dadi alat kanggo nggolek bathi tumrap kulawarga, kelompok, golongan utawa partaine dhewe-dhewe.

Pepelinge para simbah supaya tansah sepi ing pamrih lan rame ing gawe malah diwolak-walik dadi rame ing pamrih lan sepi ing gawe. Penggawean kang ora jelas wujude malah nuntut terus njaluk imbalan kang gedhe. Hak luwih digungke tinimbang netepi jejibahan kanthi laku amanah. Mula kang ana ya laku culika, cluthak, apadene clemer. Anggaran negara kang mestine digunakake kanggo makmurake rakyat malah dadi bancakane para pamong  lan pangreh praja. Laku kuwi kang umume saiki diarani laku korupsi. Intine ya maling, njupuk samubarang kang dudu dadi hake.

Iki wulan ngarep, bangsane dhewe bakal ngayahi gawe pemilu utawa pemilihan umum. Kanthi gampange, pemilu dadi sarana rakyat kanggo milih marang para wakil lan pemimpin ing tata praja peprentahan. Mbok menawa ing wektu-wektu kepungkur awake dhewe wis kapusan dening wakil lan pemimpin kang khianat marang amanate rakyat, ing wektu ngarep kudune ora gelem kapusan meneh. Mula sakabehane rakyat kudu milih kanthi pertimbangan nalar lan ati kang ening, resik, ora nganggo grusa-grusu apa meneh mung nuruti politik uang.

Rakyat ing jaman saiki kudu luwih pinter, luwih mandhiri lan merdhika kanggo nemtokake pilihane. Pilihan kang salah bakal njluntrungake rakyat marang jurang kasengsaran sing ora baen-baen. Mula kanggo milih wakil lan pemimpin, rakyat uga aja gembelengan! Nganggep pilihan mung urusan sepele! Sapa wae calon sing mung ngandelake wani piro kudu bebarengan disiriki lan aja pisan-pisan malah dadi pilihan. Muga wae kanthi luwih cerdas carane milih mau bakal ngasilake kualitas wakil lan pemimpin kang amanah, bisa nggawa kahanan negara kang luwih maju, murah sandang-pangan lan papan.

Saka tembang gundhul pacul kang sederhana mau, para simbah ing jaman semana jane wis paring pituduh lan pepeling aja pisan-pisan milih pemimpin kang gembelengan. Leres to nggih?

Ngisor Blimbing, 12 Maret 2014

Iklan

Tentang sang nanang

Hanyalah seorang anak kecil yang belajar menelusuri lika-liku kehidupan di jagad maya
Pos ini dipublikasikan di Jagad Jawa dan tag , , . Tandai permalink.

Satu Balasan ke Filsafat Gundhul Pacul

  1. Bahtiar berkata:

    lagu seng paling gampang jaman sd 🙂

    Suka

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout /  Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

Connecting to %s