Sepi Saka Sepi Ing Pamrih


Para winasis sekawit wis atur sesorah kang mratélakaké “sepi ing pamrih, ramé ing gawé”.  Sesorah kuwi ngemu piwulang kang adiluhung gegayutan marang hak lan jejibahané menungsa ana ing madyaning bebrayan agung. Tumrapé wong Jawa, ngayahi jejibahan dianggep penggawéan kang luwih luhur tinimbang nuntut hak. Jejibahan lan kepentingané wong akèh kudu luwih ditengenaké tinimbang kepentingan pribadhi utawa golongané dhéwé.

Kisruh Jagad

Sakabèhing penggawaén beciké kudu diayahi kanthi temenan, kanthi sengkut, lan kanthi dilandesi niat tulus ikhlas. Sokur bagé yèn sakabèhaning penggawéan kuwi mau diniati minangka laku ibadah marang Gusti Kang Murbèng Dumadi. Rasa pamrih utawa pengarep-arep pribadhi luwih becik yèn disisihaké, mbuh kang awujud bandha donya, pangkat, uga perkara wanita. Kanthi cara mengkono, sakabehaning penggawéan bakal nggayuh kasil kang luwih becik, luwih apik, luwih cepet. Intiné dadi luwih berkualitas.

Tuladha penggawéan kang dilandhesi rasa sepi ing pamrih nanging ramé ing gawé akèh dituladhakaké déning para pahlawan bangsa. Mbiyèn nalikané bangsa Indonesia adu arep karo kaum penjajah Kompeni utawa bangsa Walanda, akèh para pemimpin kang mendégani kawulané kanggo perang karebèn uwal saka penindasané bangsa liya. Ora mung wujud bandha raja brana, yèn perlu nyawa ikhlas dikorbanaké kanggo nggayuh kamardhikan. Sak umpamané para pejuang mau ngrasakaké rasa susah, luwé, lara, malah gedhéné pati kabèh bakalé dilakoni. Sing dipikir ing pengangen-angené, senajan dhèwèké ngalami kasengsaran ananging anak-putu ing tembé mburiné kudu menangi jaman kamulyan, jaman kang luwih makmur, jaman kang merdéka, ayom-ayem tentrem lan kerta raharja.

Sak kosok baliné, sak wijining penggawéan kang dilandesi kanthi pamrih-pamrih pribadhi tembéné bakal nuwuhaké kasil kang kurang berkualitas. Niat kang kebak pamrih bakalé ngarahaké wong marang tumindak kang awur-awuran, ora naté ngemat utawa nggatekaké bab mutu lan kualitas penggawéan. Malah kadhang-kadhang penggawéan kang kebak pamrih ditindakaké kanthi apus-apusan, lelamisan, apadéné lelaku ora jujur liyané.

Ing wektu saiki, kahanané jaman pancèn wis kewolak-walik. Senajan pituturé para leluhur sepi ing pamrih lan ramé ing gawé malah diwalik dadi sepi ing gawé nanging ramé ing pamrih. Tuladha tumindak culika sepi ing gawé nanging ramé ing pamrih iku kayadéné  kelakuané para koruptor. Laku korupsi sejatiné ora béda karo timundak maling. Ora jelas penggawéan kang ditindakaké kanggo kepentingané bangsa lan negara, nanging para koruptor kuwi mau malah njupuk dhuwit kang dudu dadi haké. Ana uga wong kang makarya sithik ananging ing mburiné malah njaluk bayaran kang gedhé lan ora imbang karo pakaryan kang wis ditindakaké.

Tuladha kang luwih gamblang bisa ditemokaké uga marang para wakil rakyat ing gedhung parlemèn. Akèh para anggota déwan kang kinurmatan kuwi mau ora naté ngrawuhi rapat utawa sidhang-sidhang kanggo ngrembug undhang-undhang utawa kepentingané rakyat liyané. Sak pérangan anggota déwan sing kersa rawuh akèh sing mung nitip tanda tangan absen, banjur lunga ora jelas. Ewadéné anggota déwan sing kersa melu sidhang ing ruang sidhang, kepara ora sithik sing malah keturon apadéné ketungkul dolanan laptop utawa i-pad. Wis ngono ora mung pisan-pindho, ana anggota déwan kang malah ketungkul ngundhuh utawa nonton gambar porno ing ruang sidhang.

Tindak-tanduké anggota déwan kang makarya tanpa sikep profesional mau mesti waé ora bisa ngasilaké undhang-undhang utawa kawicaksanan kang nengenaké kepentingané rakyat kang diwakili. Kanthi hasil kinerja kang kaya mengkono, jelas ora cucuk karo bayaran, tunjangan, uga sarana lan fasilitas kang ngentekaké puluhan yuta ing saben wulané kang kudu dijupuk seko anggaran negara. Yèn terus-terusan kaya mengkono tumindaké anggota déwan, mesti waé tansaya suwé negarané bakal bangkrut amarga dhuwité entek kanggo mbayari wong-wong kang ora jelas hasil penggawéané.

Ora mung kelakuané anggota déwan utawa pejabat negara liyané, tumindak korupsi uga wis nyebar ing kalangané wong-wong biasa. Kaya kang kapacak ing pawarta koran utawa tivi, ora sithik bakul-bakul eceran kang uga nglakoni tindak culika kayadéné kelakuané para koruptor mau. Ora mung sithik para bakul kang ngurangi timbangan. Dodolan jeruk utawa dhuku kang sekiloné rego limang ngewu rupiah, nanging sing ditampa pelanggané mung sekilo kurang sak ons umpamané. Sing sak ons diembat tanpa sing tuku mangertèni.

Akèh uga kedadéyan laku para bakul kang malsu barang dagangané, kayadéné bakul panganan jajanan bocah cilik kang nggunakaké bahan-bahan pengawet kimia kang mbebayani. Ana panganan kang dicampur nganggo borax utawa formalin kang mbebayani tumrapé kesehatan. Karepé pengin éntuk bathi kang akèh, nanging kanthi cara kang ngrugèni marang konsumèné.

Ing kalangan pegawé paprentahan utawa pamong praja ing wektu saiki uga lagi ramé-raméné nyairaké dhuwit tunjangan kinerja. Kanthi semangat réformasi birokrasi kanggo ngasilaké pegawé kang profesional lan nyegah anané tumindak korupsi, bakalé para pegawé mau diwènèhi blanjan utawa bayaran kang ditingkataké karebèn kesejahteraané mundhak luwih apik. Kanthi kesejahteraan kang bisa nyukupi kebutuhan uripé kanthi sakmurwat, ing pangajab makaryané para pegawé mau luwih sengkut, luwih sregep, luwih profèsional lan laku korupsi bakal bisa tuntas kabrantas.

Ananging yèn ing tembé mburiné, sakwisé para pegawé mau diundakaké bayarané kanthi diwènèhi tunjangan kinerja nanging ora mundhak sengkut makaryané, ora ningkat ketrampilané lan profèsionalismené, mbok menawa tunjangan mau ora béda banjur dadi laku korupsi kang dilegalaké negara merga bakal njalari anggarané negara bodhol.

Ngelingi bebayané laku korupsi tumrap kepentingané nusa lan bangsa, mula wis wanciné menèh awaké dhéwé kabèh éling lan ngamalaké sesorah ramé ing gawé lan sepi ing pamrih mau. Kanthi ramé ing gawé lan sepi ing pamrih, menungsa bakalé nindakaké prakaryan kanthi niat ikhlas lan ditindakaké kanthi temenan. Kanthi laku mau mesthi waé bakal dihasilaké prakaryan kang berkualitas. Ing tembé kanthi kualitas kang apik, mesthi waé sing jenengé penghargaan bakal teko nyedhak dhéwé, mbuh awujud dhuwit, bebungah, pahargyan utawa kasenengan liyané.

Sing jeneng nduweni pamrih, mesthi wae ora kleru malah jané mujudaké pepesthening hukum alam. Sepi ing pamrih ora ateges ora ana utawa ora nduwèni pamprih babar blas. Gèk sing jenengé lelaku ibadah mahdzah kayata sholat, pasa, utawa zakat, menungsa isih mesthi nduwèni pangajab bisa mlebu suwarga to? Mula sing kudu ditengenaké, sak bisa-bisané pamrih kuwi ora kena leluwihan, kudu imbang marang prakaryan sing wis ditindakaké, lan kuduné sakmurwat marang kepentingan kang luwih utama, kayata kepentingané bebrayan agung, nusa, utawa bangsa.

Ngisor Blimbing, 9 Januari 2014

Gambar merupakan koleksi Komunitas Lima Gunung – Magelang.

Iklan

Tentang sang nanang

Hanyalah seorang anak kecil yang belajar menelusuri lika-liku kehidupan di jagad maya
Pos ini dipublikasikan di Jagad Jawa dan tag , , . Tandai permalink.

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout /  Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

w

Connecting to %s