Cipt.: NN
Siji loro telu, astané sedheku,
Mirengaké pak guru, menowo didangu.
Papat nolé lima dik, lenggahé sing tata,
Aja padha sembrono, mundhak ora bisa.
Bocah cilik-cilik, jèjèr tharik-tharik,
Sandangané resik, tumindaké becik.
Bocah cilik-cilik, jèjèr tharik-tharik,
Sandangané resik, tumindaké becik.
Allah iku siji tanpa kanca,
Tanpa garwa lan ora peputra,
Tanpa bapa lan ibu wis cetha,
Ya iku Gusti Allah Kang Nyata.
Islam agamaku, Allah pangéranku,
Muhammad Nabiku, Al Qur’an kitabku,
Aku bisa nulis, Arab Jawa wasis,
Ngaji iyo uwis, nanging during titis.
Apa bocah-bocah cilik ing wektu saiki uga isih diwarisi lelagon utawa tembang bocah kang mengku piwulang luhur ing ndhuwur? Jebul nembangaké tembang nalika jaman cilik mbiyèn, asyik uga. Ana kenangan éndah nalikané lungguh jèjèr tharik-tharik ning bangku cilik ing sak jeroné sekolahan TK kang mirunggan. Lungguh jèjèr, rapi, tertib kanggo nggatèkaké piwulangé saka ibu guru.
Sampéyan kabèh uga isih éling marang tembang ing ndhuwur? Monggo sepisan-pisan nembangaké manèh tembang luhur ing ndhuwur.
Haduhhh…..
Kanggg…
Sampean dadi ngelingna wae lhoooo….
Tembang dolanan kuwi jian, sakjane surasane ngemu pitutur kang akeh jee…
Nuwun yaaa…
SukaSuka
kalangan wong tuwo anyar saiki isih ono sing ngajarke tembang iki ning anak-anake nggak yo?
SukaSuka
wah ora akeh kang saiki sing ngajarke nembang
https://play.google.com/store/apps/developer?id=Kastari+Sentra+Media.+PT
SukaSuka
anak sekarang malah kebanyakan difasilitasi nge-game ya?
SukaSuka
wah tembang kuwi kudu di letarikna supaya dadi kebudayaane wong jawa,, 🙂
SukaSuka
betul mbak nur, jangan sampai anak-anak kita lupa dengan jatidiri sebagai manusia yang bermartabat
SukaSuka