Prei Thirik-thirik


Akhir taun lan awal taun ana ing penanggalan Masèhi mujudaké dina-dina kang akèh prèinané. Wiwit pèngetan dina Riaya Natal tumekané ganti taun ing wengi Taun Baru, yèn katiti ing kalender mesthi tanggal abangé jèjèr thirik-thirik. Wis mengkono prèinan akhir lan awal taun kuwi mau bebarengan karo prèinané bocah-bocah sekolah kang nembé waé rampungan anggoné ngayahi semèsteran. Malah yèn dipétung kanthi pratitis, prèinané bocah sekolah mau nganti ngancik telung minggu dawané.

Kahanan sarana utawa alat transportasi ing jaman saiki pranyata sakluwih maju dibandingaké ing wektu jaman mbiyèn. Angkutan penumpang umum kang awujud bis, sepur, kapal apadéné montor mabur wis tansaya akèh cacahé. Semono uga kahanané infrastruktur transportasi kayadéné dalan, kretek, terminal, rél, stasiun, apadéné pelabuhan uga wis luwih maju. Kahanan-kahanan iku mau njalari mobilitas utawa perpindahané wong saka sawijining panggonan tumuju ing panggonan liyané tansaya mundhak akèh ing saben tauné.

Mesthi waé anané dina prèinan kang thirik-thirik ing akhir lan awal taun mujudaké wektu kang pas kanggoné wong kang pingin plesiran utawa mudhik saka ing papan perantauan. Ing wektu-wektu mbiyèn, kang diarani wong lunga ing papan perantauan mono arang-arang kang padha mulih utawa tilik ing papan asalé, utawa kang ing wektu saiki luwih kondhang diarani mudhik mau. Kadhang-kadhang ana kang nembé mudhik ngancik wektu telung taun, limang taun, apa malah sepuluh taun. Paling sering mbok menawa wong Jawa kang ngrantau ing tlatah Betawi utawa Jakarta. Kuwi waé paling kerep mudhiké ya mung setaun sepisan, ngepasi dina Riaya Idul Fitri. Bab kuwi njalari raméné lalu-lintas ing dalan-dalan ya kedadéan ing wektu-wektu mudhik kuwi mau.

Durèn ya durèn, mesthi waé roti ya roti. Mbiyèn ya mbiyèn, saiki ya saiki. Kahanan jaman wis tansaya maju lan ngalami owah-owahan. Anané prèinan utawa tanggal abang kang thirik-thirik mesti tansah digunakaké déning wong ing perantauan minangka kesempatan kanggo tilik ing papan asalé. Mudhik kanggo tilik kahanan ngomah lan uga sanak famili utawa sedulur-seduluré. Sak kosok baliné, wong-wong ing tlatah padésan utawa kutha-kutha pinggiran uga ora sithik kang migunakaké prèinan thirik-thirik mau kanggo tilik seduluré ing kutha utawa papan liyané kang adoh. Ana uga sakpérangan warga kang nggunakaké prèinan dawa kuwi mau kanggo plesiran ing papan-papan pariwisata, kalebu rombongan-rombongan seka sekolahan-sekolahan kanthi ngadani study tour.

Kahanan prèinan dawa sak banjuré dadi identik kahanan macet ing dalan-dalan, khususé kang tumuju ing papan plesiran kang kondhang. Tuladhané kayadéné Dalan Malioboro ing kutha Ngayojokarta Hadinigrat. Ana ing wektu prèinan dawa, akèh para wisata saka sak njabané dhaérah kang ngadani plesiran ing Yoja. Kajaba papan wisata ing sak kiwa lan tengené kutha, kayata candi Prambanan, makam Imogiri, nggesik Parangtritis, Sundak, Kukup, Krakal, Indrayanti, Congot, guwa Pindhul, uga papan séntra kerajinan kayadéné Kasongan, Gabusan, lan Mlandhing, akèh uga para wisata kang sengaja plesir ing papan wisata kang dumunung ing sak tengahing kutha, kayata Kraton Kasultanan, Gembira Loka, Taman Pintar, Monumèn Jogja Kembali, Bètèng Vrèdeberg, lan liya-liyané.

Sak liyané plesiran ana ing papan-papan plesiran kang kasebut ing ndhuwur, para wisata kang tumeka ing kutha Yoja biasané uga pingin ngrasakaké blanja ing kawasan Malioboro. Akèhé mobil utawa kendaraan pribadi liyané kang tumuju ing dalan Malioboro ana ing dina prèinan kuwi mau mesthi waé banjur njalari dalanan dadi macet. Kendaraan kang padhet mung bisa mlaku rendhet sithik mbaka sithik.

Ora mung kedadéyan ing kutha tujuan wisata kaya Yoja waé, kedadéyan macet dalan uga dirasaké ana ing sak kiwa lan tengené tlatah papan wisata kang ramé pengunjungé, kayata Borobudur, Kaliurang, Wonosari, uga dhaérah Bantul. Ing dina-dina prèinan dawa, pranyata kahanané dalan kang macet wis madhani maceté Jakarta ing sak saben dinané.

Sak kosok baliné, Jakarta ing dina prèinan dawa malah kaya bisa unjal ambegan kanthi luwih lega. Béda karo ing padatan saben dina sing tansah ngalami macet, utamané ing wektu-wektu menyang lan budhalan kantoran, Jakarta relatip luwih sepi. Dalan-dalan utama kang biasané jejel riyel padhet déning bis, trek, bemo, mobil pribadhi, kendaraan roda loro, apadéné tukang ojek, ing dina-dina kuwi luwih katon gilar-gilar, lalu-lintas lancar ora ana macet manèh.

Kanthi kahanan iki bisa disimpulaké yèn sejatiné padheté pendhudhuk ing kutha Jakarta amarga akèh wong saka dhaérah kang ngrantau utawa makarya ana ing ibukota. Mesthi waé alasané wong-wong mau padha luru pangupa jiwa ana ing Jakarta amerga rumangsa wis angèl luru penggawéan ana ing dhaérah asalé. Jakarta dianggep papan kang nyediakaké peluang lapangan kerja kang luwih akèh. Paribasané modhal dhengkul dadi kuli bangunan ing Jakarta, wong kang ora lulus esdé paribasane, bisa luru dhuwit ing proyèk-proyèk kang lagi mbangun gedhung, perumahan, ruko-ruko, mall, dalan, utawa kretek-kretek layang. Jakarta tansah ngawé-awé njanjèni kanthi impi-impi kang katon luwih éndah lan luwih gampang nggayuhé.

Ora bisa disangkal, Jakarta minangka ibukota punjering paprèntahan negara uga dadi punjering sak kabèhé impèn-impèné wong ndésa utawa sak njaba dhaérah. Jakarta pranyata dadi punjering modhal lan édarané dhuwit kang luwih akèh dibandingaké dhaérah liyané. Kahanan iku mesthi waé njalarani anané kesenjangan pembangunan. Jakarta  lan sak kiwa tengené tansah dibangun, srana pra sarana apa wau tansah dibangun. Jakarta dadi luwih cepet maju ing bab pembangunan infrastruktur dibandhingaké dhaérah liyané.

Paribasané ana gula ana semut, mesthi waé kahanan mau njalari wong-wong ing dhaérah kang durung maju sak banjuré kepingin ambyur lan luru kabegjan ing ibukota. Taun mbaka taun, mesthi waé akehé perantau kang ngadhu nasib ing Jakarta njalari perkara-perkara masyarakat kutha kang tansaya ruwet. Kemacetan, sampah utawa uwoh, polusi udara, banyu lan lemah uga masalah sosial kaya akèhé copèt, rampok, apadéné garong dadi kahanané Jakarta ing saben dinané. Mula ora pati nggumunaké yèn ruweté kahanan kuwi mau dadi nambahi ruweté pikirané saben wong. Ora sithik warga Jakarta kang ngalami tekanan méntal utawa rasa stress.

Anané prèinan thirik-thirik njalari wong Jakarta nggunakaké kanggo ngelongi utawa ngilangi rasa stress kuwi mau. Cara kanggo ngilangi rasa stress kuwi ing antarané kanthi cara mudhik utawa plesiran. Mula aja kagèt yèn ing dina-dina iki kamacetané lalu-lintas lan kemrungsungé wong Jakarta kang stress pindhah ing dhaérah-dhaérah liyané.

Ngisor Blimbing, 25 Desember 2013

Iklan

Tentang sang nanang

Hanyalah seorang anak kecil yang belajar menelusuri lika-liku kehidupan di jagad maya
Sampingan | Pos ini dipublikasikan di Jagad Jawa dan tag , . Tandai permalink.

2 Balasan ke Prei Thirik-thirik

  1. Ivan Purnawan berkata:

    Teko anggep wae prei thirik-thirik mau rejeki soko sing kuoso lantaran kebijakane Pak BY lan bala kurawane. Lha…taon mbesok embuh, bedo penguasane bedo ugo preine…

    Suka

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout /  Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

w

Connecting to %s