Nguri-uri Ukara Jawa


Wong JowoIndonésia sejatiné mujudaké negara kang nduwèni ètnik utawa suku bangsa kang manéka warna. Seka Acèh tumekané Papua mbok menawa ana luwih seka 400-an cacahé. Mèh saben suku bangsa kuwi mau nduwèni adat istiadat, tradisi, seni, basa lan kabudayaan kang khas. Mula kanggo nggambaraké manéka warnané bangsa Nuswantara, pujangga Mpu Tantular nggagas sesanti “Bhinnéka Tunggal Ika, tan hana dharma mangrwa”. Senajan béda-béda nanging tetep guyup dadi siji. Mengkono gambarané kerukunan ing antarané warga Indonésia kang manéka warna mau.

Ing bab basa, mèh saben suku bangsa nduwèni basané dhéwé-dhéwé kang diarani basa daérah. Ana basa Acèh, Batak, Melayu, Minang, Sunda, Jawa, Bali, Sasak, Dayak, Bugis, Mandar, Ambon, nganti basa Asmat ing tlatah Papua. Basa daérah mau biasané isih dinggo minangka basa ibu. Basa ibu mujudaké basa kang dikenalaké sepisanan nalika para ibu utawa wong tuwa nggula wenthah bocah kawit nalikané umur bayi. Basa kuwi praktis dadi piranti komunikasi ing sakjeroné omah utawa kulawarga.

Nalikané bocah wis ngancik umur sekolah, bocah mau lekas dikenalaké karo basa Indonésia minangka basa persatuan lan basa resmi kang digunakaké ing papan pasinaonan. Senajan ing papan pasinaonan uga tetep diajaraké basa daérah, nanging jam pelajaran kang disediaké cetha luwih sithik dibandingaké jam pelajaran liyané kang tansah nggunakaké basa nasional. Kanthi mengkono kesempatané bocah mraktèkaké basa daérah ing lingkungan sekolah mesthi waé luwih winates. Isih bejo bocah kang gedhé ing sak tengahé lingkungan kulawarga utawa masyarakat kang isih nggunakaké basa daerah ing pasrawungan saben dinané, kayata ing tlatah padésan utawa pedalaman.

Kahanan jaman globalisasi ing samengko, ndadèkaké kahanan sak perangan basa kang ana ing negarané dhéwé tansaya mrihatinaké. Ing wektu saiki, tansaya akèh para mudha kang wis lali lan nglalèkaké marang basa daérahé dhéwé. Malah ana sakpérangan masyarakat kang nduwèni panemu yèn wong isih nggunakaké basa daérah dianggep wong kang ketinggalan jaman, wong nggunung, ora ngerti bangku sekolah lan ukara asor liyané.

Wong tuwa ing jaman saiki luwih sumelang menawa bocahé durung bisa basa Indonesia utawa basa asing, kayata basa Inggris, tinimbang durung bisa basa ibuné dhéwé. Malah akèh para wong tuwa kang kawit bocahé cilik sengaja ora diajaraké basa daérah. Golongan wong tuwa iki luwih nganggep yèn ngajari bocah kanthi basa Indonesia utawa basa Inggris luwih bakal nduwèni piguna ing tembé mburiné, dadi yèn ngajari bocahé basa daerah malah mung mbuwang wektu lan ngruweti pikiran.

Kasunyatan mau njalari akèh basa daérah kang tansaya ora ngrembaka, malah akèh kang ngalami kemunduran. Ana ing sakwijining penelitian kang diadani déning Lembaga Ilmu Pengetahuan Indonésia utawa LIPI dikandakake yèn saka atusan basa daérah kang ana ing Indonesia tembéné mung sak pérangan sithik kang bakal bisa lestari. Ing antarané bab kang njalari sak pérangan akèh basa mau bakal sirna yaiku akèh saka basa daérah kang ora nduwèni aksara daérah. Saka atusan cacahé basa iku, kang nduwèni aksara kira-kira mung ana sangang basa, ing antarané basa Acèh, Batak, Melayu, Lampung, Sunda, Jawa, Bali, Sasak, lan Bugis.

Wis dadi kawruh umum yèn basa bisa ngrembaka amarga akèh wong utawa masyarakat kang nggunakaké basa mau. Akèh-akèhé warga masyarakat nggunakaké basa daérah ing rerembugan saben dinané. Kanthi mengkono, basa mau digunakaké kanthi cara lésan. Anané basa daérah kang nduwèni aksara daérah sejatiné bisa dadi srana kanggo ngrekam utawa ndokumèntasikaké sak kabèhing urusan masyarakat ing tata sesrawungan saben dinané.

Sejatiné kaya kang diwulang wuruk déning para pinisepuh, ajining bangsa saka basa. Kajaba kanggo srana komunikasi, basa jané ngemot piguna kanggo ngrembakaké bab sosial budaya lan peradabané manungsa. Kanthi mengkono basa uga dadi srana kanggo ngrekam sejarah panguripané manungsa. Kanthi tulisan minangka catetan, rekaman utawa dokumèntasi sejarah lan panguripan sosial budaya mau, manungsa ing jaman-jaman sak mengko bisa tansah nyinauni marang laku sejarah para leluhuré kanggo nggayuh panguripan kang luwih becik ing tembé mburiné. Kanthi mengkono, basa daérah kang nduwèni pasangan aksarané dhéwé bakalé luwih gampang ngrekam budayané minangka arsip kang bisa diwaca lan disinauni dening para mudha.

Kanggo luwih nguri-uri anané basa daérah, mula LIPI ngaturaké rékomendasi utawa anjuran saka penelitian kang wis diadani. Rékomèndasi kang angka sepisan, ngajak marang para wong tuwa ing kulawarga enom saiki gelem nggunakaké basa daérah minangka basa ibu kanggo para putra lan putriné ing sak jeroné omah lan lingkungan sak kiwa tengené. Anjuran kang angka loro, nyengkuyung kawicaksanan kang bakal digarisaké déning Kementerian Pendidikan lan Kebudayaan kang majibaké supaya anak didik ing papan pasinaonan kudu bisa nguwasani, paling ora salah sawijining basa daérah.

Khususé basa Jawa, basa kang siji iki kajaba dadi sarana komunikasi, uga dadi sarana kanggo ngajaraké tata krama, unggah-ungguh, lan sopan-santun marang sapa waé kang migunakaké. Bab iki bisa dinalar seka anané tingkatan basa kang kapèrang dadi basa ngoko, basa krama madya, lan basa krama inggil. Kanthi anané tingkatan basa kuwi mau, wong Jawa diajari migunakaké tembung lan ukara kang kudu trep karo kahanan uga swasana. Cara omong-omongan karo sak padha-padhané umur, kanca, utawa marang wong kang luwih sepuh kudu trep, pas, lan pantes.

Durung suwé iki ana sawijining kanca kang mapan ana ing tlatah Menoreh ngajak lan ngélingaké supaya awakku gelem lekas nulis nganggo tembung lan ukara Jawa, alias nganggo basa Jawa. Bab ajakan kuwi mau didhasari marang kasunyatan ing wektu saiki tansaya akèh kalangané masyarakat, khususé para mudha, kang lali marang tradisi tulisan kanthi nganggo basa daérahé dhéwé-dhéwé. Kahanan iki njalari ing wektu saiki tulisan kang ditulis nganggo basa daérah tansaya arang, apa malah babar blas ora ana. Mesthi waé aku sarujug karo penemuné kanca mau. Mula saka kuwi, lekas sasi iki tak tékati manèh bakal sinau lan netepi nulis nganggo basa Jawa, kanggo nyengkuyung amrih lestariné basa Jawa. Mesti waé tetep ana sak perangané tulisan kang tetep katulis kanthi basa sak liyané basa Jawa.

Sampéyan uga nduwèni rasa prihatin kang padha? Monggo nglekasi bali marang basa ibuné dhéwé-dhéwé. Basa sejatiné asèt bangsa kang tanpa pepindhan regané. Ilangé basa, bisa diarani padha karo ilangé ajiné bangsa.

Ngisor Blimbing, 17 Desember 2013

Iklan

Tentang sang nanang

Hanyalah seorang anak kecil yang belajar menelusuri lika-liku kehidupan di jagad maya
Pos ini dipublikasikan di Jagad Sastra dan tag , , , . Tandai permalink.

4 Balasan ke Nguri-uri Ukara Jawa

  1. Utroq Trieha berkata:

    Durung suwé iki ana sawijining kanca kang mapan ana ing tlatah Menoreh ngajak lan ngélingaké supaya awakku gelem lekas nulis nganggo tembung lan ukara Jawa, alias nganggo basa Jawa.

    Hehehehe,
    Ayo padha ora dilerwak’ke anggon nyerat lan wicara basa Jawa kanca….
    Ora amung amerga ana sing ngajak-ajak, kalebu kanca ana ing tlatah Menoreh iku mau…

    *Dadi ngampet ngguyu ngemu surasane iku, Kang…
    Matur sembah nuwun…

    Suka

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout /  Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

w

Connecting to %s