Mugi Mboten Namung Haji Mabur


Dipun umpamakaken bangunan bale griya, agami Islam kabangun saking gangsal bagian bangunan. Bagian punika ingkang dipun sebat Rukun Islam, nun inggih kalimah syahadat, sholat, siam ing wulan suci Ramadhan, zakat, lan ugi ibadah haji ing tanah suci.

Minangka sawijining bale griya, waosan kalih kalimah syahadat saged dipun wastani minangka dasar utawi pondasinipun. Waosan kalimat shahadat kaperang dados kalih, inggih punika syahadat tauhid lan syahadat rasul. Syahadat tauhid mujudaken kepasrahan lan pengakenan bileh mboten wonten Pengaran ing sinembah kejawi namung Gusti Allah SWT. Lajeng syahadat rasul mujudaken pengakenan bilih Kanjeng Nabi Muhammad minangka utusanipun ingkang nampi wahyu wujud kitab suci Al Qur’an. Mboten wonten nabi utawi rasul ingkang kautus malih sak sampunipun Kanjeng Nabi.

Dene sholat ing bangunan agami Islam minangka dados saka gurunipun. Saka guru nggadhahi piguna dados penegak utawi cagakipun agami, asholatu imaduddien. Sholat mujudaken kuncinipun swarga, asholatu miftahul jannah. Lajeng zakat minangka simbol gedhek utawi tembokipun agami Islam. Sholat ugi saged meper manungsa saking tumindak ingkang keji lan munkar.

Bangunan bale griya kejawi mbetahaken pondasi lan saka guru ugi kedah wonten gedhek utawi tembokipun. Tembok saged njagi swasana griya saking semribitipun maruta, saking panasi utawi asrepipun hawa ing sak rinten ndalunipun. Tembok kalawau ugi nggadhahi piguna minangka tameng kangge njagi  sedaya bab ingkang mapan ing sak dalemipun griya, sae punika ingkang wujud barang fisik utawi non fisik. Siam ing wulan suci Ramadhan saged kaibarataken tembok punika. Siam dados ritual ibadah kangge meper hawa nafsu lan nggayuh derajat taqwa ingkang langkung inggil.

Kejawi betah pondasi, saka guru, tembok, sak limrahpun griya ugi mbetahaken papan kangge mlebet medhalipun tiyang, betah konten lan ugi jendhela utawi ventilasi. Griya ing nggadhahi ventilasi ingkang sae, badhe ketingal asri, asrep, resik lan tentunipun sehat. Konten, jendela minangka ventilasi dados srana kangge njagi resikipun bale griya. Zakat, sae punika wujud zakat fitrah utawi zakat mal, dados simbol amalan kangge ngresiki banda donya ingkang dipun gadhahi, ugi minangka wujud sipat manungsa ingkang kedhah nderek mbiyantu ngenthengaken awrat utawi panandhangipun sak saminipun gesang.

Lajeng sakwijining bangunan balegriya, badea sampun wonten pondasi, saka guru, tembok, lan ugi konten utwai jendhelanipun, dereng wetah minangka griya menawi mboten nggadhahi gendheng utawi pangeyupan. Gendheng nggadhahi piguna kangge namengi griya saking panas ugi toya jawah. Gendheng ugi minangka perangan griya ingkang nunjang pawujudan kaendahanipun sedanten griya ingkang wetah. Gendheng dados mahkotanipun sak wijining griya. Lan ing bangunanipun agami Islam, minangka mahkotanipun inggih punika ibadah haji.

Haji mujudaken ibadah ingkang namung dipun dhawuahaken kangge ummatipun ingkang mampu, sae lahir utawi batinipun. Mampu kanthi lahir ateges tiyang muslim kala wau sampun nggadhahi sangu lan kemampun kangge mbayar wragad kangge tindak dhumateng tanah suci. Mampu kanthi lahir ugi nggadhahi pangertosan nggadhahi wragad ingkang dipun tilar kangge kabetahanipun sanak kadang utawi keluarga. Dados wontenipun tindak ibadah haji mboten badhe njalari sanak keluarganipun kapiran utawi sengsara amargi sedaya bandha donyanipun telas kangge wragad tindak haji kala wau.

Ibadah haji panci dados ibadah ingkang awrat. Ibadah haji mbetahaken niat ingkang kiyat, wragad ing kathah, lan ugi kekiyatan utawi kesarasan raga ingkang sae lan prima. Pramila sejatosipun namung tiyang-tiyang Islam ingkang pilihan kemawon ingkang saged nindakaken lan njawab panggilan haji punika. Labaikallah humma labaik, labaikkala syari’kala labaik.


Lampah tindak haji ing tanah suci ing wekdal sakpunika tentu sampun langkung sekeco kabandhingaken ing jaman rumiyin. Ing jaman rumiyin, ummat Islam saking negara kita ingkang badhe tindak Mekkah kedah nitih kapal utawi perahu ingkang dangunipun langkung saking nem wulan tindak lan konduripun. Dados ibadah haji saged mbetahaken wekdal dumugi wolung wulan wetah. Pramila kathah para ulama lan kaum muslim ing jaman rimiyin ingkang nindakaken ibadah haji sisan kaliyan nyantri wonten ing sak kiwa tengenipun kitha Mekkah utawi Medinah.

Ing jaman semanten ugi dereng wonten srana komunikasi ingkang canggih kados wekdal sak punika. Pramila tiyang ingkang tindak minggah haji ing wekdal rumiyin sampun kaikhlasaken kados dene tindak dhumateng ing alam kelanggengan. Saged slamet lan kondur malih wonten ing griya tentu minangka kanugrahan ingkang tanpa pepindhan. Ananging menawi mboten saged kondur, utawi kondur namung tilar asma, amargi tilar donya wonten ing sak tengahing kapal utawi sak dumuginipun tanah suci, para sanak kadang lan keluarga sagedipun namung ikhlasaken.

Ing wekdal sak punika, nindakaken ibadah haji sampun sak kelangkung sekeco amargi srana lan fasiltasipun sampung sak kelangkung maju.  Jamaah calon haji mboten malih nitih kapal laut nanging dipun angkut kanthi montor mabur. Semanten ugi srana kangge kabetahan sak laminipun mukim ing Mekkah lan Medinah ugi sampun dipun cawisaken dening pemerintah Indonesia ingkang sesarengan kaliyan pemerintah Arab Saudi. Ibaratipun jamaah kantun ngarani utawi milih, badhe ngersakaken srana ingkang kados pundi. Ingkang mirah wonten. Ingkang sak kelangkung awis kanthi srana ingkang langkung sae ugi wonten. Ingkang biasa saged, ingkang plus ugi dipun sumanggakaken.

Minangka negari ageng ingkang mayoritas warganipun ngrasuk agami Islam, Indonesia dados negari ingkang paling kathah ngirimaken jamaah haji ing tanah suci. Saben tahunipun mboten kirang saking 200 ewu jamaah haji Indonesia dipun bidhalaken saking sak wenahipun embarkasi utawi bandara khusus kagem jamaah haji. Angka 200 ewu punika ugi mujudaken pratanda bilih negari kita ing saben tahunipun nambah kaum muslim ingkang “titel haji” sak kathahipun 200 ewu.

Sanes titel hajinipun kalawau ingkang wigatos. Ananging ingkang sak kalangkung wigatos saking sak kathahipun 200 ewu kala wau sak pinten ingkang saged dados haji ingkang leres-leres haji ingkang mabrur. Haji mabrur ateges haji ingkang estu-estu katampi dening Allah SWT. Haji ingkang dipun landhesi niat ingkang ikhlas, dipun ragadi kanthi rejeki ingkang halalan tyoiban, lan dipun tindakaken kanthi rukun lan syaratipun kanthi sak sae-saenipun.

Haji ingkang mabrur mboten namung purna wonten ing ibadah mahdzah ingkang dipun lampahi ing tanah suci. Sak konduripun saking tanah suci, haji mabrur kedah langkung sregep lan estu anggenipun nindakaken amal ibadah. Sholatipun, siamipun, zakatipun kedah langkung sae tinimbang wekdal sak derengipun. Pikiran, pangucapan, lan tindak-tanduk lakunipun ugi kedah langkung sae. Intinipun kanthi nindakaken ibadah haji, haji ingkang mabrur kedah nggadahi akhlak ing langkung sae, sae punika akhlak tumrap Gusti Allah SWT lan ugi dhumateng sak saminipun gesang.

Haji ingkang mabrur ugi kedah saged murakabi panggesanganipun tiyang kala wau ing sak madyaning bebrayan agung sak konduripun dhumateng masyarakat. Haji ingkang mabrur kedah saged mbekta manfaat lan pengaruh ingkang sae dhumateng lingkunganipun.

Ing mbok bilih masyarakat sak kiwa lan tengenipun dereng ajeg lan kiyat jamaah sholat gangsal wekdalipun, haji ingkang mabrur kedah saged ndorong tangga tepalihipun supados saged jamaah lan makmuraken mesjid. Ing mbok bilih ing lingkunganipun taksih kathah laku maksiyat ingkang nglanggar syarak lan paugeranipun agami, haji ingkang mabrur kedah purun cawe-cawe, cancut tali wandha kangge nderek urun rembug, pikiran utawi tenaga kangge ngentasaken masyarakat saking lampah maksiyat kala wau lan sak panunggalanipun.

Kanthi haji-haji ingkang mabrur, ingkang dipun cetak ing saben tahunipun, ugi kedah mbekta pengaruh ingkang sae tumrapipun negari kita. Menawi ing wekdal-wekdal sak punika taksih kathah laku duraka, culika, maksiyat, punapa dene korupsi, kolusi lan nepotisme, haji ingkang mabrur ugi kedah saged nularaken pengaruh ingkang sae supados laku-laku mboten sae punika saged kabrantas. Kualitasipun haji negari kita ing sak mangkih dados kaji ingkang mabur utawi namung kaji ingkang numpak montor mabur alias haji mabur kawangsulaken malih dhumateng pribadhinipun piyambak-piyambak.

Ananging minangka sesaminipun tiyang muslim, sumangga kita ndherek nyenyuwun dhumateng Gusti Allah SWT supados haji-haji kita saged dados haji ingkang mabrur, sak leres-leresipun lan sak sae-saenipun haji ingkang dipun kersakaken Pangeran, ingkang piwalesipun mboten sanes kejawi namung swarga jannatul na’im.

Ngisor Blimbing, 14 Oktober 2013

Gambar diambil dari sini.

Tulisan terkait: Haji Mabur.

Iklan

Tentang sang nanang

Hanyalah seorang anak kecil yang belajar menelusuri lika-liku kehidupan di jagad maya
Pos ini dipublikasikan di Jagad Religi dan tag , . Tandai permalink.

2 Balasan ke Mugi Mboten Namung Haji Mabur

  1. ivanpurnawan berkata:

    Apalag sekedar haji Mabur mas hehehe…

    Suka

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout /  Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout /  Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout /  Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout /  Ubah )

Connecting to %s